Posts

Showing posts from April, 2021

[Cernak] Hikayat Menjangan Wulung karya Rama Safra'i (Alih Bahasa Jawa Banten oleh Ade Ubaidil)

Image
image by pngtree.com Nong Mayang Si Penjage Menjangan Wulung Awan iku, tonggo Gerogol kedeleng rade kecoklatan. Suket lan ilalang uwes pading ngeranggas. Godong-godong geh uwes wakeh sing reregelan saking batang uwite. Musim kemaro tekane lumayan suwe sampe udan geh ore turun. Serngege sinare luwih terang barang lake gerumbelan awan sing biase ngalangi. Tapi ane tempat sing kedelenge bede ning tonggo iku. Ane uwit gede sing warnane luwih ijo dibanding uwit liyane. Sekitare ane sumur keramat sing dadi sumber banyu kang ore pernah garing. Ning sumur kuen biasane ane wong wadon sing ngejagani. Arane Nong Mayang. Anake Ki Telaga Wangi, penguase daerah Cilegon. Tepate mah ning paling ujung tonggo Gerogol. Nong Mayang sedina-dinane ngentekaken waktune ning tempat iki. Sekabeh jiwe lan ragane uwes diabdikaken genah ngerawati sato-sato sing biasane keausan. Banyune diembil saking sumur keramat sing ore pernah garing kuen. Nong Mayang temenan mah demene ning sato Menjangan Wulung. Ape m...