Lake Maning Bocah ( 4 Puisi Bahasa Jawa Banten)

March 19, 2020



Lake Maning Bocah[1]

lake maning bocah
menganan banyu wudhu
ning balong musola

lake maning bocah
jorangan nyelentik pelér
pas imam lan ma’mum
sujud berjama’ah

lake maning bocah
pepelayon ning
luteng masjid
uber-uberan
untal-untalan
sejadah

ning langgar kari
yayi fulan nabuh
bedug

adan dewek
qomat dewek
salat dewek

dunie ngerangkuli
bocah kuat-kuat

emak lan bapane
sing nyered

Cibeber, 2016



***



Emak

kebul ngepul saking berimah
banyu ngegolak geni murab-murab
dade ngedidih mate perih

emak
kule kebayang sipeng
wau pas tahajud do’e kepireng
linggar haji
linggar haji
laksane ngedikir

ati ngegeter
awak nganggur
dereng antuk
gawe


Cibeber, 2016




***


Ule lan Sawah

wenten ule raksasa ngebelah sawah
kali lan dadah

walang, kinjeng, manuk emprit
kuntul mabur pindah umah

mame nde watuk sembari
nyered-nyered kebo

mobil lewat
motor lewat
ning gigir ule
raksasa kang dawe

mame nde watuk sembari
nyered-nyered kebo

tekang sawah
banyu asat
kali garing
pari-pari ngejengking

Cibeber, 2016



*** 


Nganggit Elmu[2]

nunggal subuh awan lan sore
bebengian ngederes kitab sareng ustade
ngeduk liwet misuh banyu rame-rame
sembari ngopi lalaran jalan bae

aduh Gusti mugi kuat nuntun ati
aduh Pengéran tulung isungi pituduh lan dedalan
keluarge neggeni pecile mantuk
ngarep ilmune manfaat
lan boten dadi reruntuk
ning masyarakat

sesarengan kudu terus ngirim do’e
dipuni antuk ilmu kangden bener
ning akherat turkang dunie

Cibeber, 2014







[1] puisi bahasa Jawa Serang (Jaseng) ini meraih juara 3 pada lomba puisi bahasa daerah yang diselenggarakan oleh Kantor Badan Bahasa Provinsi Banten pada acara “Gebyar Apresiasi Bahasa dan Sastra” (8/12/16), lalu.

[2] Sajak dedikasi khusus untuk ‘bocah’ santri / pondok pesantren.


You Might Also Like

0 komentar